Jatim

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ojo Kapegot Saking Rahmate Gusti Allah

Kam, 24 Februari 2022 | 20:12 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ojo Kapegot Saking Rahmate Gusti Allah

Khatib menyampaikan khutbah Jumat (Foto:NOJ/Pwnubali)

Khutbah I


اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ وَفَّقَ مَنْ شَاءَ مِنْ خَلْقِهِ بِفَضْلِهِ وَكَرَمِهِ. وَخَذَلَ مَنْ شَاءَ مِنْ خَلْقِهِ بِمَشِيْئَتِهِ وَعَدْلِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ،وَلَا شَبِيْهَ وَلَا مِثْلَ وَلَا نِدَّ لَهُ
 

وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا وَعَظِيْمَنَا وَقَائِدَنَا وَقُرَّةَ أَعْيُنِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَفِيُّهُ وَحَبِيْبُهُ. اَللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ بْنِ عَبْدِ اللهِ. وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَّالَاهُ. وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ
 

أمَّا بعْدُ: فيَا أَيُّهَا النَّاسُ, اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ. فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ  قُلْ يٰاعِبَادِيَ الَّذِيْنَ اَسْرَفُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ لَا تَقْنَطُوْا مِنْ رَّحْمَةِ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ يَغْفِرُ الذُّنُوْبَ جَمِيْعًا ۗاِنَّهٗ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
 

Jamaah ingkang sami bahagio
 

Monggo sareng-sareng ningkataken takwo dumateng Gusti Allah, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-ipun. Alhamdulillah siang meniko kito diparingi rahmat Allah sehinggo saget ngerawuhi shalat jumat berjamaah meniko. Mugi rawuh kito meniko minongko bentuk takwallah. 
 

Setunggale ayat ing surat Az-Zumar 53 Gusti Allah dawuh: 
 

قُلْ يَا عِبَادِيَ الَّذِينَ أَسْرَفُوا عَلَىٰ أَنفُسِهِمْ لَا تَقْنَطُوا مِن رَّحْمَةِ اللَّهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ يَغْفِرُ الذُّنُوبَ جَمِيعًا ۚ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ 
 

Artosipun: Ngucapo siro Muhammad: Hei kawulo-kawulo ingsun kang podo ngelewati batas awake kabeh. Siro kabeh ojo nganti kapegot saking rahmate Gusti Allah. Saktemene Gusti Allah ngapuro duso sekabehane, saktemene Gusti Allah akeh pengapurone tur kang welas asihe.
 

Ayat niki ngelarang kito rumahos kapegot saking rahmat Allah. Kadospundi kito rumahos kapegot menawi mboten memahami hakikat rahmat meniko. Setunggale hadits dawuh:
 

لا يُدْخِلُ أَحَدًا مِنْكُمْ عَمَلُهُ الْجَنَّةَ، وَلَا يُجِيرُهُ مِنَ النَّارِ، وَلَا أَنَا إِلَّا بِرَحْمَةٍ مِنَ اللهِ 
 

Artosipun: Mboten wonten amalan setunggaling tiyang ingkang saget mlebetaken wonten suwargo lan nyelametaken saking geni neroko, ugo kulo piyambak, kejobo kelawan pitulung rahmate Gusti Allah (HR Muslim).
 

Estu leres bilih dipun ngendika’aken mlebet suwargo mboten disebabake katah amal ibadah lan kesaenan ananging sebab rahmate Gusti Allah. Sinaoso mekaten mboten leres menawi nganggap amal ibadah lan kesaenan mboten nggadah faidah akhire aras-arasen ngelampahi amal kesaenan, bahkan mamang kaliyan tujuan amal ibadah lan kesaenan wonten dunyo meniko.
 

Wonten setunggale kisah malaikat Jibril nate dawuh: Saktemene rumiyin enten tiyang saleh, manggon teng salah setunggal gunung ingkang inggil. Keranten inggilipun, malaikat Jibril menawi bade teng alam dunyo mesti ngelewati gunung niku. Sinaoso lokasi gunung niku mboten ombo, ananging tiyang saleh niki saget nyukupi kebutuhan saben dintenipun. Menawi lesu dan ngelak saget mendet teng sekitar gunung meniko. Kebutuhan tuyo kangge wudhu lan siram sampun cumawis.
 

Milo piyambakipun saget fokus ibadah ngantos limangatus tahun laminipun. Saben dintenipun uripe diisi ibadah, bermunajat, dungo, sehinggo mboten saget ngelampahi duso,  nopo malih duroko marang Allah. Setunggal dungo ingkang disuwun inggih meniko saget mati naliko sujud. Mekatenlah, akhiripun tiang saleh meniko sedo ngantos umur limangatus tahun.
 

Sakmantunipun sedo, piyambakipun ditimbali gusti pengeran. He wong shaleh, lantaran rahmat-Ku, awakmu arep tak lebokne suwargo. Mirengaken meniko, tiyang niki mboten nerami. Keranten piyambakipun rumahos bilih lantaran amal lan ibadahipun selama limangatus tahun tanpa duso menikolah ingkang nyebabi layak mlebet suwargo, mboten keranten rahmate Gusti Allah.
 

Keranten protes mekaten, Allah nugasaken malaikat kangge ngitung lan nimbang sedoyo amal ugi ibadahe tiyang saleh niku selama limangatus tahun tanpo duso, ingkang diandalaken piyambake minongko dados modal lantaran mlebet suwargo.
 

Saklajengipun amale ditimbang lan dibandingaken kaliyan rahmat Allah. Nyatane rahmat Allah ingkang diterami tiyang saleh arupi nikmat mripat mawon nyatane langkung abot tinimbang ibadahe selama limangatus tahun. Dereng nikmat anggota badan lintune, utek, tangan, sikil, lan sak piturutipun.
 

Pramilo, sesuai kaliyan protes ingkang disampeaken, Allah merintahaken malaikat kangge nyeret tiyang saleh niki teng neraka. Wekdal nikulah tiyang saleh niki sadar bilih nggantungaken marang amal mboten saget nyelametaken piyambake. Cepet-cepet tiyang saleh niki nyuwun ngapuro lan ngakoni sedoyo kesalahan ugi kesombonganipun. Piyambakipun terlalu ngandalaken amal ibadahipun lan ngeremehaken rahmat Allah.
 

Untungipun Allah maringi pangapuro lan tanglet malih dateng tiyang saleh meniko: Opo awakmu mlebu suwarga iki kerono amalmu? Tiyang niki jawab: Mboten ya Allah, saktemene sedoyo niki namung keranten rahmat panjenengan.
 

Cerito lintune, wonten teng kitab Nashaihul Ibad karya Syaikh Nawawi al-Bantani nyeritaaken bilih Imam al-Ghazali meniko setunggal wekdal katon ing jerone mimpi sahabate, terus ditangletaken: Nopo ingkang Allah paringaken dateng panjenengan? Imam al-Ghazali jawab: Naliko ngadep, Allah SWT dawuh: Kena opo awakmu nang kene, lan opo sing awakmu gowo? Imam al-Ghazali nyebutaken amal-amalipun. Tapi Allah menjawab: Saktemene Aku gak nerimo kabeh amal ibadahmu, ananging siji amal. Yo iku siji waktu awakmu ngejarake laler menclok nang dukur pulpenmu lan ngombe mangsi pulpen iku. Waktu iku awakmu ngejarake laler kuwi mergo ngesakne marang laler iku. Sakteruse Allah dawuh: Hei malaikat, gawanen Imam Ghazali iki nang suargo.
 

Nopo ingkang saget kito pendet saking cerito niki? Ampun pisan-pisan menilai rendah amal ibadah. Sinaoso namung nyingkiraken krikil saking tengah dalan, keranten niku saget dados amal ingkang dirahmati Allah. Kito mboten angsal ngeremehaken amal sinaoso dianggep cilik, sinten ingkang semerap amal cilik menikolah ingkang nyebabi kito teng akhirat mangke selamet?
 

Kados dene kisah Sayyidina Umar diapuro dusone keranten amal cilik nggih meniko welas lan nyelametaken manuk emprit ingkang ditumbas saking lare alit ingkang nyikso manuk meniko. Cerita niki ingkang saklajengipun diabadikan teng kitab Usfuriyah. Kosok wangsulipun, kita mboten angsal menyombongkan amal ibadah ingkang numpuk katah sinahoso sedoyone sae. Keranten dereng tentu amal niku angsal rahmate Allah.
 

Terakhir, monggo kito nyuwun dumateng Allah kangge terus istiqamah ibadah nopo mawon lan mboten gampang memvonis tanggi, konco lan keluarga kito sesat, mursal naliko dereng purun ibadah. Mugi sedaya angsal maghfirah utawi pengapurane gusti pengeran lan kito nerami rahmatipun Allah sahinggo dilebetaken dateng suwargonipun, amin.
 

أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ بسم الله الرحمن الرحيم: وَسَارِعُوٓاْ إِلَىٰ مَغْفِرَةٍۢ مِّن رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا ٱلسَّمَٰوَٰتُ وَٱلْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ
 

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ

 


Khutbah II
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ، وَنَعُوذُ بِالِلّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ اِلَّاللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَانَبِيَ بَعْدَهُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ.أَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ الِلّٰهِ! اِتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
 

قَالَ اللّٰهُ تَعاَلَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِالِلّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسۡمِ ٱلِلّٰهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيْمِ. إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. أَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّد عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
 

أَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. أَللّٰهُمَّ اِنَّا نَسْأَلُكَ سَلَامَةً فِى الدِّيْنِ، وَعَافِيَةً فِى الْجَسَدِ وَزِيَادَةً فِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةً فِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةَ قَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةً عِنْدَالْمَوْتِ وَمَغْفِرَةً بَعْدَالْمَوْتِ، أَللّٰهُمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِيْ سَكَرَاتِ الْمَوْتِ وَالنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَابِ. أَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنِ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
 

عِبَادَالِلّٰهِ ! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ الِلّٰهِ اَكْبَرْ.